Gusti Allah kuwi Pangènku, aku ora kekurangan apa-apa.
Aku diengon ing pangonan kang akèh suketé seger.
Aku digiring menyang papan kang banyuné anteng.
Aku diparingi kekuwatan anyar,
lan dituntun menyang dalan sing bener.
Lakuku senajan ngambah dalan sing peteng dhedhet,
aku ora wedi bebaya, margi Paduka celak kawula;
Gada lan Teken ingkang Paduka asta, menika njagi kawula.
Paduka nata pasegahan kanggé kawula,
wonten ing ngajenging para mengsah kawula.
Paduka ngurmati kawula srana netepaken mawi lisah ing sirah kawula;
tuwung kawula Paduka isi ngantos mencep-mencep.
Kasaénan lan sih Paduka tansah badhé ngiring lampah kawula salami kawula gesang, lan kawula badhé manggèn ing Pedaleman Paduka, selami-laminipun. Amin.
140810
Sabtu, 14 Agustus 2010
Langganan:
Posting Komentar (Atom)

Tidak ada komentar:
Posting Komentar